pexels.com/RDNE Stock project
Kalau ikrar syawalan bahasa Jawa sebelumnya sangat singkat, kali ini kamu bisa memilih yang lebih panjang kata-katanya. Namun, ikrar di bawah tidak dibacakan bersama-sama, melainkan diwakili oleh satu orang saja.
Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Asyhadu alla ilaaha illallah.
Waasyhadu anna muhammadarrosulullah.
Kepareng kula matur, dhumateng Ibu ugi Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula badhe ngaturaken sungkem pangabekti, mugi tansah saged katur dhumateng ngarsa panjenengan.
Kagem para ibu ugi bapak sarta para sederek sedaya ingkang langkung enem, kula badhe ngaturaken salam memitran mugia katur ing ngarsa penjenengan.
Ing dinten riyaya Idulfitri ingkang kebak pangaksama 1445 H punika, kula kepengin ngaturaken taqabalallahu minna wa minkum, sugeng riyadi kagem sedaya kemawon.
Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah lan amal kabecikan kita ing wulan Ramadan kala wingi.
Dhateng kalodhangan punika, kula badhe estu nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan inkang kula tindakaken kathi tulusing manah.
Mugia panjenengan sedaya tansah kersa paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan ingkang nate kula tindakaken, kosok wangsulipun dhateng kalodhangan punika kula ugu sampun iklas sarta paring pangaksama dhumateng sedaya kalepatan panjenengan.
Mugi-mugi Gusti Allah kersa ngijabahi saha paring kawelasan dhumateng kita sedaya ingkang rawuh dhateng adicara dinten punika.
Amin ya robbal ‘alamin.
Mekaten ikrar Syawalan cekak ingkang sampun kita aturaken. Menawi taksih kathah kalepatan saha wonten tumindak kula kirang mranani ing penggalihipun para rawuh, saestu kula nyuwun agungipun pangaksama.
Waalaikumsalam warrahmatullahi wabbarakatuh.